Senin, 30 November 2009

KI DEMANG SAKA WETAN

Karajan Ing Tanah Jawa Wétan
(wiwitané abad 10 - tahun 1220)

Ing dhuwur wus kasebutaké yèn Tanah Jawa Wétan, kabawah karajan Indhu ing Mataram; nanging wong Indhu kang manggon ana ing Tanah Jawa Wétan ora pati akèh, yèn katimbang karo kang manggon ing Tanah Jawa Tengah (Kedhu).
Marga saka iku wong Indhu kudu kumpul karo wong bumi, prasasat tunggal dadi sabangsa.
Ing wiwitané abad 10 ana pepatihing karajan Tanah Jawa Tengah aran Empu Sindhok lolos mangétan. Let sawatara tahun empu Sindhok mau jumeneng ratu ing Tanah Jawa Wétan, karajané ing Kauripan (Paresidhènan Surabaya sisih kidul).

Ambawahaké: Surabaya, Pasuruwan, Kedhiri, Bali bok manawa iya kabawah.
Enggoné jumeneng ratu tekan tahun 944 lan iya jejuluk Nata ing Mataram.
Nata ing Mataram mau banget pangèdêpé marang agama Budha.
Empu Sindhok misuwur wasis enggoné ngerèh praja. Ana cathetan kang muni mangkéné: "Awit saka suwéning enggoné jumeneng ratu, marcapada katon tentrem; wulu wetuning bumi nganti turah turah ora karuhan kèhé."

Ing tahun 1010 Erlangga tetep jumeneng ratu, banjur nerusaké enggoné mangun paprangan lan ngelar jajahan.
Ing tahun 1037 enggoné paprangan wis rampung, negara reja, para kawula padha tentrem. Déné karatoné iya ana ing Kauripan.
Sang Prabu Erlangga ora kesupèn marang kabecikaning para pandhita lan para tapa, kang gedhé pitulungané nalika panjenengané lagi kasrakat.

Minangka pamalesing kabecikané para pandhita, Sang Nata yasa pasraman apik banget, dumunung ing sikile gunung Penanggungan.
Pasraman mau kinubeng ing patamanan kang luwih déning asri, lan rerenggané sarwa peni sarta endah. Saka ediné, nganti misuwur ing manca praja, saben dina aselur wong kang padha sujarah mrono.

Pangadilané Sang Nata jejeg. Wong désa kang nrajang angger angger nagara padha kapatrapan paukuman utawa didhendha.
Kècu, maling, sapanunggalané kapatrapan ukum pati.
Sang Prabu enggoné nindakaké paprentahan dibantu ing priyagung 4, padha oleh asil saka pametuning lemah lenggahè.
Saka enggoné manggalih marang tetanèn yaiku pagawéyaning kawula kang akèh, Sang Nata yasa bendungan gedhé ana ing kali Brantas.
Sang Nata uga menggalih banget marang panggaotan lan dedagangan.
Kutha Tuban nalika samono panggonan sudagar, oleh biyantu akèh banget saka Sang Prabu murih majuning dedagangan lan lelayaran.

Sang Nata yèn sinéwaka lenggah dhampar (palenggahan cendhèk pesagi), ngagem agem ageman sarwa sutra, remané diukel lan ngagem cênéla.
Yèn miyos nitih dwipangga utawa rata, diarak prajurit 700.
Punggawa lan kawula kang kapethuk tindaké Sang Nata banjur padha sumungkem ing lemah (ndhodhok ngapurancang?).
Para kawula padha ngoré rambut, enggoné bebedan tekan ing wates dhadha.
Omahè kalebu asri, nganggo payon gendhèng kuning utawa abang.
Wong lara padha ora tetamba mung nyuwun pitulunganing para dewa baé, utawa marang Budha.
Wong wong padha seneng praon lan lelungan turut gunung, akèh kang nunggang tandhu utawa joli.
Dhèk samono wong wong iya wis padha bisa njogèt, gamelané suling, kendhang lan gambang.

Karsané Sang Prabu besuk ing sapengkeré kang gumanti jumeneng Nata putrané loro pisan, mulané kratoné banjur diparo: Jenggala (sabageyaning: Surabaya sarta Pasuruwan) lan Kedhiri.
Déné kang minangka watesé: pager témbok kang sinebut "Pinggir Raksa", wiwit saka puncaking Gunung Kawi, mangisor, nurut kali Leksa banjur urut ing brangloré kali Brantas saka wétan mangulon tekan ing désa kang saiki aran "Juga", nuli munggah mangidul, terusé kira kira nganti tumeka ing pasisir.
Gugur gugurané tembok iku saiki isih ana tilasé, kayata ing sacedhaking kali Leksa, sakulon lan sakiduling kali Brantas, ing watesing afd. Malang lan Blitar.

Mungguhing babad Jawa jumenengé Prabu Erlangga kaanggep minangka pepadhang sajroning pepeteng, awit rada akèh caritané kang kasumurupan.
Kawruh kasusastran wis dhuwur. Layang layangé ing jaman iku tekané ing jaman saiki isih misuwur becik lan dadi teturutaning crita crita wayang.
Layang layang mau basané diarani: Jawa Kuna, kayata:
1. Layang Mahabarata
2. Layang Ramayana lan Arjuna Wiwaha.

Karajan Jenggala ora lestari gedhé, awit pecah pecah dadi karajan cilik cilik, marga saka diwaris marang putraning Nata; yaiku praja Jenggala (Jenggala anyar); Tumapel utawa Singasari lan Urawan.
Karajan cilik cilik kang cedhak wates Kedhiri or suwé banjur ngumpul mèlu Kedhiri, liyané isih terus madeg dhéwé nganti tekan abad 13.
Kerajan Kedhiri (Daha, Panjalu) mungguha saiki mbawahaké paresidhènan Kedhiri, sapérangané Pasuruwan lan Madiyun.
Kuthané ana ing kutha Kedhiri saiki. Karajan mau bisa dadi kuncara.
Ing wektu iku kasusastran Jawa dhuwur banget, nalika jamané Jayabaya (abad 12) ngluwihi kang uwis uwis lan tumekané jaman saiki isih sinebut luhur, durung ana kang madhani.

Ing tahun 1104 ing kedhaton ana pujangga jenengé: Triguna utawa Managocna.
Pujangga iku sing nganggit layang Sumanasantaka lan Kresnayana.
Radèn putra utawa Panji kang kacarita ing dongèng kae, bokmenawa iya ratu ing Daha, kang jejuluk Prabu Kamesywara I. Jumeneng ana wiwitané abad kang kaping 12. Garwané kekasih ratu Kirana (Candra Kirana) putrané ratu Jenggala.
Ing mangsa iki ana pujangga jenengé Empu Dharmaja nganggit layang Smaradhana. Radèn Panji nganti saiki tansah kacarita ana lakoné wayang gedhog lan wayang topeng.

Pujanggané Jayabaya aran Empu Sedah lan Empu Panuluh.
Empu Sedah ing tahun Saka 1079 (= 1157) methik sapéranganing layang Mahabarata, dianggit lan didhapur cara Jawa, dijenengaké layang Bharata Yudha.
Wong Jawa ing wektu iku wis pinter, wong Indhu kesilep, karajan Indhu wis dadi karajan Jawa.

Selasa, 22 September 2009

TuGaZ B_Jawa Basa NgoKo

Sinau basa Jawa kanthi rasa tresna

Akeh sing ngomong yen basa jawa kuwi angel. Malah ana sing duwe pamikiran menawa sinau basa jawa iku luwih angel tinimbang sinau basa manca. Kamangka sing pamikiran iku mau wong jawa asli. Kepriye kok iso kayak ngono? Apa bener basa jawa kuwi tenan angel? Kandane para wong tuwa, sebenere basa jawa iku ora angel. Menawa digawe angel ya dadi angel tenan. Basa jawa dianggep angel amarga ning basa jawa ana sing diarani undha usuk utawa unggah-ungguhing basa.

Unggah-ungguhing basa iku mau diporo dadi papat. Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus. Saka unggah-ungguh basa cacah papat iku mau sing dianggep paling gampang dewe yakuwi ngoko lugu. Basa ngoko lugu akeh sing nganggo ing bebrayan jawa, dienggo kanggo omongan wong tuwa marang wong enom utawa bocah, uga dienggo omongan bocah karo bocah, utawa wong tuwa marang wong tuwa sing wis akrab.

Dene unggah-ungguh basa sing dianggep paling angel yakuwi basa krama alus, amarga kudu akeh ngapalno tembung-tembung,khususe tembung sing kanggo ngomong karo wong tuwa.

Bab undha- usuk utawa unggah-ungguhing basa iku mau kanggo para murid iso sinau ing sajroning pelajaran basa jawa ing sapisanan.

Sajroning onone keputusan Gubernur Jawa Tengah nomer 895.5/01/2005 ngeneni kurikulum basa jawa, basa jawa terus dadi pelajaran wajib sing diwenehi ing pelajaran anyaran tingkat SD(Sekolah Dasar) nganti tekan SMA(Sekolah Menengah Atas). Sadurunge ono keputusan Gubernur mau, pelajaran basa jawa mung kanggo genep-genepan naging diajari ing tingkat SD nganti SMP. Saiki basa jawa mulai entuk kalonggaran lan, muga-muga bae iso ndadekno basa jawa dadi luwih gedhe, ora ajeg mrihatinke.

Akeh para sesepuh basa sing padha ngomong yen sejatine sing njalari basa jawa dadi mrihatinake iku menawa ora liya iyo saka wong jawa dewe. Sebagian  wong jawa ora ngulinakakae nganggo basa jawa urip ing saben dinane. Biasane yen basa jawa ora praktis, kurang komunikatif, lan liya-liyane. Nyatane wektu iki akeh  keluarga keluarga jawa anggone padha momong anake ora nganggo basa jawa. Utamane, ibu-ibu,sanajan asli wong jawa, nanging kaya kaya wis lali marang basa jawa. Kebukti nalika duwe anak, saka lair anake wis dikulinakake ngaggo basa Indonesia. Babar pisan dikulinakake omongan basa jawa.

Dadi kabeh anak padha ora dhong marang basa jawa. Apa maneh unggah ungguhe? Sebagian ibu- ibu iku mau padha ngomong yen ing jaman teknologi padha maju menawa basa jawa ora pateko prelu lan saiki umume padha nganggo basa Indonesia. Mula milih nganggo basa Indonesia bae sing ngomonge luwih gampang. Pamikiran iku mau ono benere tapi akeh kelirune. Wis dingerteni wong mberah yen basa jawa iku ora mung iso kanggo sesrawungan bae. Luwih saka iku basa jawa uga bisa kanggo wulangan bab tata krama, sopan santun, lan budi pekerti kanggo para bocah. Kanthi ngulinakake nganggo basa jawa, supaya para bocah lan sadulur luwih nduweni tata krama sing apik lumatar unggah-ungguh basa. Basa jawa iku tetep nduweni keapikan manawa dibandingke karo basa liyane. Matur Nuwun.

 

 

 

Minagka contoh, aku tau maca ing kolom berita pendhidhikan ing berita Jayabaya, sing nyebutake yen tembung tembung ing basa jawa iku apik-apik. Lagi arep ngucapno bae, ora kaya tembung tembung ing basa liyane. Umpamane tembung ”matue nuwun” sing ngucapke mesthi kanthi apik.Beda karo sing ngucapke tembung thank you, terima kasih, kamsia, sing iso diucapake kanthi banter utawa lantang. Basa jawa  iso disinauni kanggo cara rupa- rupa, kayak sing isih taklakoni. Cara cara iku umpamane, iso sinau karo buku buku basa jawa ing sekolahan khusus para murid, manawa nemoni bab bab sing ora cetha kudu iso njaluk didudohke karo bapak utawa ibu guru basa jawa.

Kanggo sing durung iso, berita berita basa jawa isine rupa-rupa, wiwit dongeng kanggo bocah-bocah, kabudayan, kasusastran, nganti paramasastra kabeh ana. Kanthi kerep maca wacanan basa jawa mau ora krasa kepinteran bab basa jawa iso mudhak. Sawise seneng maca manawa ketemu bab bab sing kurang cetha, iso kon nudohke karo wong tuwa sing wis pinter bab basa lan kepinteran jawa, lumrahe wong tuwa tuwa mau kabukti kapinterane tenan. Sakteruse perkara kasil lan orane anggone sinau basa jawa mau, gumantung saka pribadine dewe dewe. Sing penting sak durunge muali sinau basa jawa luwih dhisik duwe niat sing kuwat karo dilandasi rasa seneng karo basa jawa. Nglakoni penggewean opo bae yen dilandasi rasa seneng lumrahe mesthi bakal ngasilake sing apik lan nyenengake. Luwih becik minangka wong sing wis dikodratake dadi wong jawa. Nduweni rasa seneng karo basa jawa. Sapa maneh sing kudu nyenengi manawa ora wong Jawa dewe. Iya aku karo kuwu kabeh.

 

 

Minggu, 26 Juli 2009

TUGAS BAHASA JAWA CHALIM 8D

• Nulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane
Ing sawijining dina, Lanto cilik menyang sawah karo Pak Like. Karepe Nulung nggawakke Gabah. Ing tengah dalan dekne kpleset lan sikile keseleo. Pak Lik duwe kalih tanggung jawab, teng sawah lan Lanto Cilik ingkang sikile keseleo.

• Ora uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)
Jenny ning tengah dalan ketemu Yugo sung tiboh saka sepedhahe. Yugo wis njaluk tulung karo Jenny, malahan Jenny ora gelem nulung Yugo.

• Abag-abang lambe = guneme mung lamis
Naruto janji karo Sakura bakal njajakke mangan Mie Ramen. Sakura wis ngenteni Naruto ning warung Ramen. Naruto ora teka, malahan Naruto ngelalekno janji ne.

• Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bias
Einstein diwarahi matematika dina iki. Einstein ngerungokake kabeh ingkang diwarahi Pak Guru. Esuke, Pak Guru ngadakake Ulangan mendadak. Kabeh murid kaget, Einstein uga kaget. Ulangan wis bar, biji 100 di rebut Einstein dewe, liyane 60, 65, paling dhuwur 80.

• Diwenehi ati ngrogoh rempela = diwenehi sithik isih kurang panarima
Tarjo tiyang ingkang miskin. Teng sawijining dina, Hj. Vega mbagi rejeki menika 2 kg beras lan arta 10.000 rupiyah kangge tiyang miskin. Tarjo nampi, nanging ora maturnuwun, malahan nggunem”kok sakedik?”

• Esuk dhele, sore tempe = ora antep, atine molah-malih
Ing sawijining dina, Bowo menyang bioskop. Ning omah, dekne bingung, nonton Spiderman-4 apa Kuntilanak-8. Antriane dawa banget 2 film mau, Bowo ngantri ana Kuntilanak. Nanging, antrianne wis rada sepi Spiderman, dekne pindah ning Spiderman. Pas tekan giliranne, Tiket Spiderman enteg. Langsung, dekne mlayu ana Loket Kuntilanak, tiket gur mung 3, wis ana sing pesen, yaiku, Sutradara, Producer, lan Putra ne Producer ingkang ndamel film Kuntilanak. Bowo akhire ora sida nonton bioskp amargo molah-maleh atine.

• Gagak nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe
Kasino ditekani kancane ingkang sugih, naminipun Dono. Kasino ora dhuwe apa-apa, nanging Kasiono isin yen ora dhuwe mobil. Kaben gengsi gedhe, Kasino ngampil Mobil BMW karo tanggane Indro. Gayane teng ngajeng Dono, Kasino ngaku yen BMW kuwi duwekke dekne. Padahal BMW niku Duwekke Indro.

• Idu didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetu
Dumbledore cilik, kandha arep ngekekke dolanannane ning kanco-kancane. Nanging, Dumbledore ora sida ngekekne. Kanca ne anyel, amarga ora sida dhuwe dolanan. Dumblodore pada wae ndilat idue maneh.

• nJalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi
Mr.X Ulang tahun, Mr.X njaluk Mr. Y kado ingkang apik lan kayane larang. 3 wulan kepungkur, Mr. Y ulang tahun, Mr. X ingkang sugih ora menehi apa-apa. Malahan angger mangan teng acara karepe dhewe.

• Krokot ing galeng = wong kang mlarat banget
Wong kang uripe ana ing ngisor jembatan Jakarta. Niku wong-wong kang ora dhuwe omah, kalah ling ngadu nasib teng kutha gedhe.

• Lanang kemangi = wong lanang kang jirih
Ing dalan, Doni lan Dona remaja jalan-jalan. Doni lan Dona kaget pas ana Perampok ingkang ngadang lan njaluk kalung lan dompete Dona. Doni ingkang lanang, ora wani karo Perampok, padahal ora gawa apa-apa. Akhire, Kalung lan Dompete Dona di Gawa mlayu perampok.

• Mirong kampuh jingga = mbalela marang nagara
Nala menika pahlawan local saking Solo. Pas perang, Nala mbela negara nganti tangan ne ketembak lan sakniki mboten gadah tangan tengen.

• Ngetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojo
Dokter Jono, Dines teng Bogor, Garwanipun melu teng Cepu. Dokter Jono dipindah dines teng semarang kangge 3 dinten. Garwanipun melu maleh.

• Ora ana banyu mili mandhuwur = watak iku tumurun marang anak
Wonten 2 tiyang metheng ingkang bedha watak. Jini menika ibu ingkang apik, lan seneng tetulung. Sawalike, Mona menika ibu ingkang ora seneng tetulung, jahat, sombong. Bareng lahir anakipun, lan gedhe. Anak Bu Jini dadi anak ingkang sopan, disenengi wong akeh. Sawalike maneh, Anak Bu Mona, dadi anak ingkang nakal, sombong, lan ora seneng tetulung mula, ora disenengi wong-wong.

• Pupur sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-ati
Pak Asur saben dinten ngangge helm yen badhe tindak kerja. Pak Asur ngerti, yen mboten ngangge helm wonten bahaya ne. Kelilipen sacanipun, yen kecelakaan pendarahan katah.

• Rupa nggendhong rega = merga barange apik mula regane ya larang
Pak Budi tumbas mobil CRV ingkang anyar lan larang. Pak Dibu ora dhuwe cukup arta kangge tumbas mobil larang. Uga Pak Dibu tumbas mobil ingkang murah, lan elek barange. Ing gunung, Pak Budi lan Mobil CRV nipun, mlampah lancar lan kapenak. Sawalike, Pak Dibu lan Mobil buntutipun, macet-macet.

• Sanggar waringin = wong kang dadi pangayomane wong akeh
Pak Ustadz Jefri, dhados ustads ingkang ngayomi. Contone, ustads Jefri saben dinten Jumat, dhados imam teng masjid. Ngulang ngaji tanpa dibayar, sopan santun.

• Tembang rawat-rawat, bakul sinambewara = kabar kang durung mesthi salah lan benere
Pak Durna teng Jakarta kerja teng pabrik dadhos direktur pabrik 3Kelinci. Pak Durna mireng kabar angin, yen garwanipun, babaran. Pak Durna langsung mbatalke kabeh meeting kaleh investor Jepang kangge nilikki Garwanipun. Sasampunipun tekan Semarang, kampungipun, Pak Durna kaget amargi Garwanipun dereng babaran. 

• Udan tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana
Teng Porong, Sidoarjo, nyembur Lumpur ingkang mboten saget di mandhekke. Kabeh pada kelangan sawah, kaluarga, omah, lapangan pekerjaan, lan akeh liyane. Kabeh pada nangis, amarga Lapindo dereng saget tanggung jawab kaleh bencana niki. Kabeh upaya, kringet, campur eluh mabngun tanggul cilik-cilikan. Nangin tetep bae jebhol.

• Wedi rai wani silit = wanine mung saka mburi, wedi yen adhep-adhepan
Tanggaku wonten ingkang wani teng mburi kaleh dulurku. Nangging yen wis teng ngajeng e, ora iso ngopo-ngopo amrga wedi. Yen ning mburi ngelek-ngelek, nantang. Teng ngajeng, ora wani maju, ora wani ngelek-negelek maneh.

Sabtu, 25 Juli 2009