Selasa, 22 September 2009

TuGaZ B_Jawa Basa NgoKo

Sinau basa Jawa kanthi rasa tresna

Akeh sing ngomong yen basa jawa kuwi angel. Malah ana sing duwe pamikiran menawa sinau basa jawa iku luwih angel tinimbang sinau basa manca. Kamangka sing pamikiran iku mau wong jawa asli. Kepriye kok iso kayak ngono? Apa bener basa jawa kuwi tenan angel? Kandane para wong tuwa, sebenere basa jawa iku ora angel. Menawa digawe angel ya dadi angel tenan. Basa jawa dianggep angel amarga ning basa jawa ana sing diarani undha usuk utawa unggah-ungguhing basa.

Unggah-ungguhing basa iku mau diporo dadi papat. Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus. Saka unggah-ungguh basa cacah papat iku mau sing dianggep paling gampang dewe yakuwi ngoko lugu. Basa ngoko lugu akeh sing nganggo ing bebrayan jawa, dienggo kanggo omongan wong tuwa marang wong enom utawa bocah, uga dienggo omongan bocah karo bocah, utawa wong tuwa marang wong tuwa sing wis akrab.

Dene unggah-ungguh basa sing dianggep paling angel yakuwi basa krama alus, amarga kudu akeh ngapalno tembung-tembung,khususe tembung sing kanggo ngomong karo wong tuwa.

Bab undha- usuk utawa unggah-ungguhing basa iku mau kanggo para murid iso sinau ing sajroning pelajaran basa jawa ing sapisanan.

Sajroning onone keputusan Gubernur Jawa Tengah nomer 895.5/01/2005 ngeneni kurikulum basa jawa, basa jawa terus dadi pelajaran wajib sing diwenehi ing pelajaran anyaran tingkat SD(Sekolah Dasar) nganti tekan SMA(Sekolah Menengah Atas). Sadurunge ono keputusan Gubernur mau, pelajaran basa jawa mung kanggo genep-genepan naging diajari ing tingkat SD nganti SMP. Saiki basa jawa mulai entuk kalonggaran lan, muga-muga bae iso ndadekno basa jawa dadi luwih gedhe, ora ajeg mrihatinke.

Akeh para sesepuh basa sing padha ngomong yen sejatine sing njalari basa jawa dadi mrihatinake iku menawa ora liya iyo saka wong jawa dewe. Sebagian  wong jawa ora ngulinakakae nganggo basa jawa urip ing saben dinane. Biasane yen basa jawa ora praktis, kurang komunikatif, lan liya-liyane. Nyatane wektu iki akeh  keluarga keluarga jawa anggone padha momong anake ora nganggo basa jawa. Utamane, ibu-ibu,sanajan asli wong jawa, nanging kaya kaya wis lali marang basa jawa. Kebukti nalika duwe anak, saka lair anake wis dikulinakake ngaggo basa Indonesia. Babar pisan dikulinakake omongan basa jawa.

Dadi kabeh anak padha ora dhong marang basa jawa. Apa maneh unggah ungguhe? Sebagian ibu- ibu iku mau padha ngomong yen ing jaman teknologi padha maju menawa basa jawa ora pateko prelu lan saiki umume padha nganggo basa Indonesia. Mula milih nganggo basa Indonesia bae sing ngomonge luwih gampang. Pamikiran iku mau ono benere tapi akeh kelirune. Wis dingerteni wong mberah yen basa jawa iku ora mung iso kanggo sesrawungan bae. Luwih saka iku basa jawa uga bisa kanggo wulangan bab tata krama, sopan santun, lan budi pekerti kanggo para bocah. Kanthi ngulinakake nganggo basa jawa, supaya para bocah lan sadulur luwih nduweni tata krama sing apik lumatar unggah-ungguh basa. Basa jawa iku tetep nduweni keapikan manawa dibandingke karo basa liyane. Matur Nuwun.

 

 

 

Minagka contoh, aku tau maca ing kolom berita pendhidhikan ing berita Jayabaya, sing nyebutake yen tembung tembung ing basa jawa iku apik-apik. Lagi arep ngucapno bae, ora kaya tembung tembung ing basa liyane. Umpamane tembung ”matue nuwun” sing ngucapke mesthi kanthi apik.Beda karo sing ngucapke tembung thank you, terima kasih, kamsia, sing iso diucapake kanthi banter utawa lantang. Basa jawa  iso disinauni kanggo cara rupa- rupa, kayak sing isih taklakoni. Cara cara iku umpamane, iso sinau karo buku buku basa jawa ing sekolahan khusus para murid, manawa nemoni bab bab sing ora cetha kudu iso njaluk didudohke karo bapak utawa ibu guru basa jawa.

Kanggo sing durung iso, berita berita basa jawa isine rupa-rupa, wiwit dongeng kanggo bocah-bocah, kabudayan, kasusastran, nganti paramasastra kabeh ana. Kanthi kerep maca wacanan basa jawa mau ora krasa kepinteran bab basa jawa iso mudhak. Sawise seneng maca manawa ketemu bab bab sing kurang cetha, iso kon nudohke karo wong tuwa sing wis pinter bab basa lan kepinteran jawa, lumrahe wong tuwa tuwa mau kabukti kapinterane tenan. Sakteruse perkara kasil lan orane anggone sinau basa jawa mau, gumantung saka pribadine dewe dewe. Sing penting sak durunge muali sinau basa jawa luwih dhisik duwe niat sing kuwat karo dilandasi rasa seneng karo basa jawa. Nglakoni penggewean opo bae yen dilandasi rasa seneng lumrahe mesthi bakal ngasilake sing apik lan nyenengake. Luwih becik minangka wong sing wis dikodratake dadi wong jawa. Nduweni rasa seneng karo basa jawa. Sapa maneh sing kudu nyenengi manawa ora wong Jawa dewe. Iya aku karo kuwu kabeh.